UM Mapel Bahasa Jawa 2017/2018


I. Pilihen wangsulan A, B, C, utawa D kang kok anggep bener kanthi menehi tandaping (X) ing lembar wangsulan!

l . Dheweke ora gelem nyambut gawea Tembung dheweke kalebu tembung
A.   sesuhih
B.    aran
C.    kriya
       D. panyilah
2.      Dadi manungsa kudu sabar ngadhepi lelakon urip kang wis tinitah saka Gusti Allah.  Tembung linggane lelakon yaiku
A.   klakon
B.   lakon
C.   laku
D.   mlaku
Wara-Wara
Kanggo Siswa kelas VIII MTs N Juanda, diumumake menawa pendhaftaran karya wisata ing Surabaya wiwit dilayani :
Dina/ tanggal : Senin — Setu/ 23 — 28 April 2018
Wanci            :        08.00 - 12.00 WIB
Papan               ruang guru
Katrangan       : pendhaftaran ing Bu Khasanah Ian Bu Siti Fatmawati
Mangkana wara-wara iki supaya bisa digatekake kanthi temen.
Juanda, 20 April 2018
Ketua Panitia
H. Shobirin, S. Pd.
3.      Dina apa pendhaftaran karya wisata wis wiwit dilayani?
A.   Setu
B.   Kemis
C.   Selasa 
D. Senin
Jathayu ingkang midhangetaken panyebutipun nama Sri Dasarata lajeng enggal mlesat kliyang ing akasa badhe mitulungi Dewi Sintha, amarga Sri Dasarata punika mitra raketipun wiwit rikala semanten
4.      Saka pethilan crita wayang ing dhuwur, watake Jathayu yaiku .
A.   setya marang kanca
B.   prasaja
C.  angkuh
D.  angkara murka
5.       Latar panggonan crita kasebut ana ing
A.    alas     
B.    awang-awang
C.    kraton
D.    segara
Dina Senin sore, Ibrahim nyuwun dhuwit marang wong tuwane kanggo tuku sepatu.
Selasa sore, dheweke wis tekan toko sepatu. Weruh sepatu kang neka-neka Ian apik-apik, Ibrahim rada bingung. Dhuwite pancen eukup, nanging sepatu sing disenengi kok anajleretjlerete putih. Sepatu ngono iku ing sekolahane Ibrahim ora entuk dinggo. Bareng wis sauntara dheweke banjur milih sepatu kang yen dinggo sekolah ora cengkah karo pranatan. Mulih saka tuku sepatu dheweke methuki bapake saperlu laporan bab rega sepatune Ian ngaturake susuke.
6.       Tulisan ing dhuwur, yen digatekake saka carane ngandharake kalebu jinis karangan
A.    Eksposisi
B.    Deskripsi
C.    Argumentasi
D.   Narasi
7.       Crita kang isine nyritakake asal-usuling (dumadine) papan panggonan diarani crita
A.    fabel
B.    mite
C.    sage
D.    legendha
Bocah SMP vs Tronton
Semarang, Kemis esuk, 23 Oktober 2014 watara jam 6 ana tabrakan kang nggegirisi ati. Bocah SMI) nabrak trek tronton saka arah kang beda. Bocah mau sanalika mati ing TKP. Sirahe pecah jaiaran mbentus aspa} Ian ora nganggo heyem. Miturut seksi sing mrangguli prastawa iki, sadurunge nabrak tronton, bocah mau ugal-ugalan Ian kebut-kebutan. Kanthi prastawa iki, wis kaetung watara 5 Siswa SMP ing sasi iki kang mati kacilakan amarga kebut-kebutan.
8, Saka pawarta ing dhuwur, unsur when dituduhake ing ukata
A.    bocah nabrak trek tronton saka arah kang beda
B.    Kemis esuk, 23 Oktober 2014 watarajam 6
C.    wis kaetung watara 5 Siswa SMP ing sasi iki kang mati kacilakan amarga kebut-kebutan
D.    sirahe pecah jalaran mbentus aspal Ian ora nganggo helem
9.       Rina anggone maca geguritan pancen apik tenan, pocapane cetha, las-lasan, ora gumremeng tur kendel. Maca geguritan kaya Rina iku ateges nggatekake
A.    wirasa 
B. wiraga
C.    wicara
D.   wirama
Bekti kagem Ibu Nyuwun tambahing pangestu kula badhe angayahi tanggung jawab marang bangsa ugi mring ibu pertiwi iki pancen kuwajiban kang putra wus kudu ngerti
10.   Sing nyuwun pangestu, manut geguritan kasebut yaiku
A, lbu
B.     Ibu pertiwi
C.     aku
D.    putra
I l . Manut isine geguritan kasebut, nyuwun pangestu marang lbu amarga rumangsa duweni tanggung jawab marang
      A.    bangsa  
B.     ibu pertiwi
C.     bangsa Ian ibu pertiwi
D.    kulawarga
Dino Kakehan Permen
"Dino, ora pareng maem permen akeh-akeh. Mengko mundhak untune gigis", ngono dhawuhe Bapak nalika bubar dhahar bengi bebarengan. Sakjane ora mung Pisan iki Bapak ndhawuhi. Nanging bubar kuwi Dino wis lali. Dino isih tetep wae maemi permen coklat.
Bengi kuwi wong saomah geger. Dino sambat ngaruara yen untune lara. Pipine abuh. Ibu katon bingung. Dening Bapak, Dino didhawuhi kemu banyu putih dicampuri uyah. Lagi sepisan wae wis dilepeh. Jarene asin banget. Pipine banjur diolesi minyak angin.
12. Saka pethilan cerkak ing dhuwur, latar wektu Ian papan panggonane yaiku
A.    bengi, ing omah
B.    bengi, ing rumah sakit
C.    sore, ing omah
D.    esuk, ing omah

ORGANISASI SISWA INTRA MADRASAH MTs NEGERI 1 PATIRAJA
Alamat : Jalan P. Sudirman 127 Patira Ø a Tl . 023 678901

No. : 004/ OSIM/ MTsNl/ l/ 2018                                    Katur dhumateng •      (1)
Hal : Lomba Maos Geguritan Para panitia lomba ing palenggahan
Assalammualaikum wr. Wb.                 (2)
Menawi boten wonten alangan, panitia lomba maos geguritan kasuwun dhateng kangge ngrembag persiapan kagiatan punika, benjing : (3) Dinten : Senin surya : 12 Mei 2018 Wanci : tabuh 14.00 WIB (4)
Papan : ruang OSIM
Makaten undhangan kula, mugi-mugi para kanca saged dhateng wonten ing acara punika.


Patiraja, IO Mei 2018 (6)
Ketua Panitia, (7)
Putra Dirgantara (8)
13.   Nomer (l) ing layang undhangan ing dhuwur nuduhake perangan
A.    satata basa
B.     peprenah
C.    titi mangsa
D.    adangiyah
14. Manut layang undhangan ing dhuwur, nomer (4), (6), Ian (7) nuduhake perangan
A.     satata basa, titi mangsa, Ian peprenah
B.     wasana basa, titi mangsa, Ian asma terang
C.     surasa basa, titi mangsa, Ian asma terang
D.     surasa basa, titi mangsa, Ian peprenah
15. Memangan, sesumbar, Ian tetuku iku kalebu tembung rangkep
A.     Dwilingga salin swara
B.    Dwilingga semu
C.     Dwi purwa
D.     Dwi wasana

16.   Dhek bengi bapak maos layang kabar. Yen didadekake ukara tanggap dadi
      A.   Dhek bengi bapak diwaos layang kabar.
B.     Layang kabar diwaoS bapak dhek bengi.
C.     Diwaos bapak layang kabar ndek bengi.
D.     Bapak maos layang kabar ndek bengi.
l . Bukune wis dakwaca.
2. Julius maca pidhato ing pengetan dina pahlawan.
 3. lbu mundhut tigan tigang kilo.
4. Layange diwenehake Dhik Ayu.
17. Ukara ing dhuwur, kang kahebu ukara tanduk yaiku
        A. 1, 2
        B. 1 ,4
        C. 2, 3
        D. 3, 4
18.    Wedhuse ditaleni kenceng ben ora ucul.
Bapak mundhut sepedha motor dibayar kenceng.
Tembung kang kacithak miring kalebu
A.     homograf
B.     homonim
C.   homofon.     
D.    homogeny
19.    Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane homonim yaiku
A. Kaline peres amarga udan sedina sewengi.
Klapa parute diperes sek arep dinggo masak santene.
B. Bocah loro iku katon keket banget kaya lern.
Nek wit pelem kuwi akeh uler kekete.
C. Sawone entek dipangan kalong.
Diuwit satus ewu kalong telung puluh lima ewu isih pira?
D. Antep atimu dadia dayane tekadn».
Karung goni kuwi pancen anteb, aku ora bias ngangkat.
20.    Rerangken adicara Rasulan utawa bersih desa ing Gunung Kidul ana kang diadani sacara gedhen-gedhenan, ana uga kang mung prasaja. Tembung prasaja tegese
A.     katon moncer
B.     apa anane
C. katon gayeng 
D. guyub rukun

21.     Ing ngisor iki kang kalebu urut-urutane sesorah kang bener yaiku
        A. purwaka, atur puji syukur, surasa, salam panutup
       B. pambuka, atur pakurmatan, wasana basa, salam panutup, panutup
C.     salam pambuka, purwaka basa, surasa basa, wasana basa, salam panutup
D.    salam pambuka, purwaka basa, wasana basa, surasa basa, salam panutup
22.     'Ibu Sri Rahayu, wali kelas IX C ingkang kinurmatan. Para Siswa kelas IX C ingkang kula tresnani. Alhamdulillah, dinten punika panjenengan dalah kula saged kempal wonten ing griya kula kanthi kaslametan, kasugengan, saha kawilujengan. Manut pratelan sesorah ing dhuwur, kalebu perangane
          A. atur panuwun
B.   atur pakurmatan
C.   puji syukur dhateng Gusti
D.   surasa basa
23.     Ing ngìsor iki ukara panutupe sesorah kang bener yaiku
 A. Sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken raos puji sukur dhateng ngarsaning Gusti ingkang Maha Welas dalah Maha Asih.
B.   Kula minangka sesulih saking kelas 9 badhe ngaturaken matur nuwun dhateng bapak saha ibu guru ingkang sampun nggulawentah kula sakanca ingkang dangunipun tigang warsa.
C.   Wusananipun, mugi-mugi pepanggihan punika migunani dhateng kita sedaya. Menawi wonten kiranging atur, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.


D.   Para rawuh ingkang kinurmatan. Kados ingkang sampun kita mangertosi sedaya, bilih ing dalu menika panjenengan kula aturi rawuh wonten mriki saperlu hanyekseni Dhimas inggih putranipun Bapak Toni anggenipun sunatan.
24.     Ukara ing ngisor iki kang kalebu ngoko alus yaiku
       A. Griya sampeyan napa taksih tebih? 
       B. Yen sida tindak, mbok sare dhisik. 
       C. Mangga, kula aturi pinarak rumiyin.
D. Kowe arep menyang ngendi, Dhi!
25.     Ibu ndangu marang putrane, "Apa kowe mau wis adus?"
Wangsuiane anake
A. Iya, aku wis adus.
B.   Inggih, kula wau sampun siram. 
C. Inggih, kula wau wis adus.
D. Inggih, kula wau sampun adus.
26.     Pakdhe Sugeng badhe .      dhateng Salatiga.
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku
A. budhal
B. kesah
C.   lunga
D.   tindak
27.    Balung klapa ta Lik, ethok-ethok ora ngerti yen disapa.
Wangsalan ing dhuwur batangane yaiku
A.     aren
B.     karuk
C.     degan
D.     bathok
28.    Jer basuki mawa bea iku ngemu teges
A.     Sing kepengen mujur kudujujur
B.     Sapa sing nduweni gegayuhan kudu mantep atine
C.     Kabeh gegayuhan mbutuhake tekad lan semangat
D.     Menawa kepengin mukti, mbutuhake ragad lan pangorbanan
29.    Cangkriman ing ngisor iki bedheken! Pakboletus, tegese yaiku
A.     tipak kebo ana lelene satus
B.     tipak kebo lelene dielus-elus
C.     tipak meri ana lelene satus
D.    tipak meri tipak kebo 
30.    Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane purwakanthi guru sastra yaiku
       A. Bayem arda, ardane ngrasuk busana
B.     Inggah inggih, ora kepanggih
C.     Gemi setiti ngati-ati
D.    Tindak tanduk, tutur kang kalantur
31.    Sarmidi tuku gula, teh, lan kopi. Ukara kasebut kalebu ukara
A.     lamba
B.     camboran raketan
C.     camboran susun
D.     camboran sajajar
l . Sing nerak wewalering negara diukum.
2.  Era nyapu latar dene Sari mbubuti suket.
3.  Ibu tindak dhateng Semarang dinten Selasa.
4.  Pak Badrun nembe mirsani kethoprak wonten ing lapangan.
32. Kang kalebu ukara lamba yaiku
           A. 1 2
           B. 1 3
           C. 2 3
           D. 3 4 

33.    Tembung entar yaiku tembung silihan utawa tembung sing duwe leges ora salumrahe utawa  salugune. İng ngisor iki kang kalebu tuladhane tembung entar yaiku
A.    lunyu ilate
B.    ijo royo-royo
C.    menek klapa
D.    dewa-dewi
34.    Peranganing awak kang dicandra ngudhup mlathi yaiku
   A. pipine
B.  irunge
C.  alise
       D. mlakune   
35. Aksara ing ngisor iki kang ora kalebu wujude aksara rekan yaiku
      
        
          
       
        





36. Rukun İslam kaping papat yaiku





Pamacane
A.    Fatimah lan Farah lunga ngaji.
B.    Fatma lan Farah lunga ngaji.    
C. Fatma lan Farah lunga kaji.        
D. Fatiya lan Farur lunga kaji.








Dhandhanggula
Pamedare wasitaning ati
Cumanthaka aniru pujangga
Dhahat mudha ing batine
Nanging kedah ginunggung
Datan wruh yen akeh ngesemi
Ameksa angrumpaka
Basa kang kalantur
Tutur kang katula-tula
Tinalaten rinuruh kalawan ririh
Mrih padhanging sasmita
39. Guru wilangan tembang macapat ing dhuwur yaiku
A. 10,  10,  8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
B. 10, 10, 8, 7, 9, 8, 6, 8, 12,7
C.10, 10, 8, 8, 9, 7, 6, 8, ll,7
D. 10 ,    10,    8,    7,     9,    8,    6,    8,    1 1, 7
40. Nanging kedah ginunggung. Tembung ginunggung tegese padha karo tembung
A. dialem
B. diupaya
C. ditulis
D. digawe
II. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis!
41.    Gawea crita pengalaman pribadhi nalika awakmu liburan sekolah!
42.    Sebutna paugerane tembang macapat!
43.    Sebutna 5 sikap becik nalika nindhakake sesorah!
44.    Ukara ing ngisor iki owahana dadi basa krama alus!
      Simbah tangi jam lima esuk, arep lunga menyang pasar.
      Tekan kana    malah untune lara
45. Tulisen aksara Jawa .
Saben dina sawise solat Dzaki ora lali dzikir.






Komentar

Postingan populer dari blog ini

UJIAN TENGAH SEMESTER GASAL MAPEL PRAKARYA KELAS XII (TAPEL 2020/2021)

Cara Membuat Sendiri Teh Dari Daun Tin

Manfaat Teh Daun Tin (Ficus carica L.) Untuk Menjaga Kesehatan Tubuh Kita