UJIAN AKHIR SEMESTER GASAL MAPEL BAHASA JAWA KELAS VII (TAPEL 2020/2021)
PENILAIAN AKHIR SEMESTER MADRASAH TSANAWIYAH
TAHUN PELAJARAN
2020/2021
Mata Pelajaran :
Bahasa
Jawa Hari/Tanggal : Kamis/ 3
Desember 2020
Kelas :
VII (Tujuh) Pukul : 10.00 – 11.30 WIB
Pilihen wangsulan A, B, C, utawa D kang kok anggep
bener kanthi menehi tanda ping (X) ing lembar wangsulan!
1. Ing ngisor iki kang kalebu jinise teks narasi, kajaba ….
A.
ekspositoris C. sugestif
B. deduktif D.
artistik
Wacan kangge nomer 2-4
“.... Bena kasebat inggilipun kirang langkung
satunggal meter. Alhamdulillah boten wonten korban jiwa saking prastawa
kasebat. Kajawi ngrisak griyanipun para warga, bena bandhang wonten Undhakan
Kudus ugi ngrisak panggenan plancongan utawi objek wisata inggih menika
Sendhang Dewot. Kajawi panggenan wisata kasebat, saperangan ageng tlatah wonten
Pantura ingkang sisih wetan ugi kenging bena utawi kabenan, upaminipun wonten
tlatah Kabupaten Demak, Kudus, Pati, saha Jepara. Ing tlatah kabupaten kasebat,
inggilipun toya watawis 30 cm ngantos 100 cm. Malah mligi ing tlatah Grobogan
inggih menika wonten Kecamatan Tirem, Brati, Ketapang, SPBU Grobogan, SMA
Negeri 1 Grobogan saha SMP Negeri 1 Grobogan ugi karendhem toya bena,
inggilipun watawis 50-70 cm ....”
2.
Bena
bandhang wonten Undhakan Kudus, kajawi ngrisak griyanipun para warga ugi
ngrisak panggenan ….
A. ibadah C. pamarintahan
B. ingkang sae D.
plancongan
3.
Korban
jiwa saking bena inggih menika ….
A. kathah
sanget C.
namung sakedhik
B. sakedhik D.
boten wonten
4.
Malah mligi ing tlatah Grobogan inggih menika wonten
Kecamatan Tirem, Brati, Ketapang, SPBU Grobogan, SMA Negeri 1 Grobogan saha SMP
Negeri 1 Grobogan ugi karendhem toya bena,
inggilipun watawis 50-70 cm.
Tembung bena tegese ….
A. jawah C.
grimis
B. banjir D. ageng
5.
Cacahing
gatra saben sapada, diarani ….
A.
guru
gatra C. guru lagu
B.
guru
wilangan D. guru sastra
Tembang kangge nomer 6-7
Sekar
pangkur kang winarna
Lelabuhan
kang kanggo wong ngaurip
Ala
lan becik puniku
Prayoga
kawruhana
Adat
waton puniku dipunkadulu
Miwah
ingkang tata krama
Den
kaesthi siyang ratri
6.
Nitik
gatra/ larik sepisan saka pethilan tembang ing dhuwur, tembang kasebut kalebu
tembang macapat ….
A. Pangkur C.
Pocung
B. Sinom D. Gambuh
7.
Gatra
pungkasan tembang macapat ing dhuwur, tindak tanduk lan tata krama kudu
dilakoni ….
A.
bengi
wae C. esuk sore
B.
awan
wae D.
saben dina
8.
Gatekake tabel ing ngisor iki!
|
Jinising Crita Rakyat |
Tuladha |
|
1.
Fabel |
a.
Nyai Roro Kidul |
|
2.
Sage |
b.
Mula Bukane Demak |
|
3.
Mite |
c.
Peksi Glanthik |
|
4.
Legendha |
d.
Jaka Tingkir |
Manut tabel
ing dhuwur, pasangan kang trep yaiku nomer ….
A. 1a, 2c C.
2c, 3d
B. 1b, 3a D.
3a, 4b
Wacan kangge nomer 9-11
Kancil lan Kethek
Ing
sawijining dina, Kethek nemokake kebon gedhang kang amba banget lan akeh uwohe.
Dheweke banjur pamer marang kanca-kancane. Kancil uga krungu bab kebon gedhang
kuwi, kanthi sesidheman dheweke nggoleki, lan sawise sawatara wektu Kancil
kasil nemokake kebon gedhang mau.
Kancil
banjur lumebu ing kebon gedhang mau, nanging kuciwa dheweke ora bisa methik
sebab ora bisa menek. Kancil banjur mikir kepriye carane supaya bisa jupuk
gedhang sing ana ing dhuwur uwit. Nalika dheweke lagi mikir-mikir dumadakan
dibalang nganggo kulit gedhang. Kancil meh bae mlayu sebab dheweke ngira sing
balang mau Pak Tani, nanging bareng nyawang mendhuwur jebul sing mbalang Kethek
sing nakal.
“Ooo
dhasar Kethek nakal! Pambalangmu iki ora ngenani awakku, sebab sing kok
balangke kulite, coba yen gedhange mesthi kena.”
Diunekake
mangkono kethek muntab, Kancil banjur dibalang nganggo gedhang sing mateng.
“Nyoh, benjut awakmu!” Kancil gumuyu ing batin sebab Kethek bisa diapusi.
9.
Watake
Kancil manut crita ing dhuwur yaiku ….
A. licik C. kesed
B. bodho D. pamer
10.
Kancil
uga krungu bab kebon gedhang kuwi, kanthi sesidheman
dheweke nggoleki. Tembung sesidheman
tegese padha karo ….
A.
dedhelikan C.
sesambungan
B.
alon-alon D.
mikir
11.
Amanat
utawa pesen moral kang bisa kajupuk saka crita kasebut yaiku ….
A.
aja
seneng pamer
B.
aja
dhemen njupuk barange liyan
C.
urip
iku kudu tulung-tinulung
D.
aja
seneng ngapusi marang liyan
Wacan kangge nomer 12-14
Menyang Tlaga Sarangan
Dhek
dina Minggu kapungkur, Mira lan kaluwargane rekreasi menyang Tlaga Sarangan.
Jam lima esuk wis padha budhal sarana numpak mobil. Paklik Tedja lan Bulik Ning
uga nderek.
Ing
Tlaga Sarangan hawane seger banget. Angine semilir ora sepira adhem. Ing sakiwa
tengene tlaga akeh wit-witan kang katon ijo royo-royo. Banyune biru maya-maya
nambahi asri lan endahe sesawangan. Pinggir tlaga uga disediyani prau sewan.
Mira diajak Bapak numpak jaran mubeng-mubeng sapinggire tlaga.
Watara
jam telu sore rombongan kaluwargane Mira banjur padha bali. Sadurunge bali
Bapak lan Ibu mundhut jajan kanggo oleh-oleh sing ana ngomah. Mira dipundhutake
dolanan boneka dening Ibu. Udakara jam enem sore kabeh wis padha tekan omah.
Lunga menyang Tlaga Sarangan nyenengake ati. Mira ora bakal lali.
12. Paraga saka crita ing dhuwur yaiku ….
A.
Mira,
Bapak, Ibu, Paklik Tedja, lan Bulik Ning
B.
Mita,
Bapak, Ibu, Paklik Tedja, lan Bulik Narti
C.
Mira,
Bapak, Budhe, Paklik Tedja, lan Bulik Ning
D.
Mita,
Bapak, Ibu, Paklik Tedja, lan Bulik Narti
13. Ing Tlaga Sarangan hawane ….
A.
adhem,
angin kenceng banget
B.
panas
banget, ora ana angin semilir
C.
seger,
angin semilir ora sepira adhem
D.
sumuk,
ora ana angin semilir
14. Pengalamane Mira ing Tlaga Sarangan yaiku pengalaman sing
….
A.
mbebayani C.
nyenengake
B. nrenyuhake D. nyedhihake
15.
Paklik
lagi (tegor) wit pelem nganggo graji. Tembung sajrone kurung kang bener yaiku ….
A. negorake C.
ditegor
B. negor D.
tegoran
16.
Gatekake ukara-ukara ing ngisor iki!
1. Apa kowe
wis lali karo prajanjen iki?
2. Plesir menyang
kutha Ngayogyakarta.
3. Badriyah lagi nyirami
kembang ing mburi omah.
4. Dheweke ora
ngira yen bakal kaya mangkene.
5. Simbah kakung mancing
ing kali wetan omah.
Ukara kang
nggunakake tembung kriya yaiku
….
A. 1, 2 C.
3, 5
B. 2, 3 D.
4, 5
17.
Ukara
ing ngisor iki kang nggunakake tembung
aran yaiku ….
A. Buku paket
kuwi regane telung puluh ewu.
B. Meja iki sing nggawe bapakku.
C. Nyuweka
kertas salembar!
D. Yen kesed sinau anggawe sengsara.
18.
Simbah
lan Mbak Pur lagi mbunteli tempe ing pawon. Tembung mbunteli tempe kuwi luput, sing bener yaiku ….
A. mbunteli dhele godhog kang wis
dirageni
B. mbunteli tempe nganggo plastik
C. mlastiki
tempe supaya ora wutah
D. mlastiki
dhele terus ditaleni kenceng
19.
“Mbak, …. kalawau sampun …. dereng?” Tembung kang trep
kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur, yaiku ….
A.
sampeyan,
mangan C. sampeyan, nedha
B.
panjenengan,
mangan D.
kowe, dhahar
20.
Ukara
ing ngisor iki kang nggunakake basa ngoko alus yaiku
….
A.
Mengko
sore sida dolan apa ora?
B.
Nalika
Eyang rawuh mau ngendika apa?
C.
Pakdhe
ningali TV wonten kamar.
D.
Dinten
menika Paklik badhe tindak dhateng Banjarnegara.
21.
Sowan
kula mriki dipunutus Bapak, menawi Pakdhe dipunaturi rawuh wonten dalemipun
Simbah. Ukara kasebut nggunakake unggah-ungguh basa
….
A.
ngoko
lugu C.
krama lugu
B.
ngoko
alus D.
krama alus
22.
Wujude
adeg-adeg yaiku …. Gunane kanggo ….
A. ;, kanggo ngapit angka C. ., kanggo ngapit angka
B. ,, kanggo mungkasi ukara D. ?, kanggo miwiti ukara
23.
?tt .... kufufiaugemisbenWekĂ’|.
Tembung
kang trep kanggo njangkepi ukara
kasebut,
yaiku ….
A.
k/m C. cr
B. bufy D. k]m
24.
?a[yosinauakSrjw. Pamacane yaiku ….
A.
Ayo sinau aksara Jawa C.
Ayo sinau adat Jawa
B. Ayo sinau basa Jawa D. Ayo sinau budaya Jawa
25.
Mring
guru kang medhar ngelmi. Yen ditulis aksara Jawa dadi ….
A. ?mri=guruk=med/[zlMi. C. ?m]i=guruk=med/[zlMi.
B. ?mr=guruk=[md/[zlMi. D. ?m]i=guruk=[mf/[zlM|.
26. Tokoh ing crita
kang watak wantune ala, tansah bebeda marang paraga liya diarani tokoh…………
A. antagonis C. tritagonis
B.
figuran D. protagonis
27. Ing ngisor iki kalebu tuladhane fabel, kejaba………….
A.
Serat Kancil Tanpa Sekar C. Dongeng sato kewan
B.
Peksi Glanthik D. Dongeng rawa pening
28. ?ffisisWkufuse]gepSinau. Aksara
jawa kasebut menawa ditulis latin…….
A. dadi siwa kudu sregep sinau C. siswa kudu sregep sinau
B.
dadi siswa kudu sregep sekolah D. siswa kudu sregep sholat
29. ?ttk]maikuptutFitiru. Aksara jawa kasebut
menawa ditulis latin……….
A.
tata karma iku penting banget C. tata karma iku wajib ditiru
B.
tata karma iku patut ditiru D. tata karma iku mesti dituru
30. ?swhlnTeglLnKufufitnFuri. Aksara
jawa kasebut menawa ditulis latin………..
A.
sawahku kudu ditanduri C. sawah lan tegalku kudu ditanduri
B.
sawah lan tegalanku ditanduri D. sawah lan tegalan kudu ditanduri
1. Jinising tembang iku kaperang dadi telu,
coba sebutake!
2. Coba wenehana tuladha 4 kang kalebu tembung
rangkep dwipurwa!
3. Coba wenehana tuladha 4, kang kalebu tembung
rangkep dwilingga wantah!
4. Coba wenehana tuladha 4, kang kalebu tembung
rangkep dwilingga salin swara!
5. Coba wenehana tuladha 4, kang kalebu tembung
rangkep dwilingga semu!
6. Coba wenehana tuladha 4, kang kalebu tembung
rangkep dwiwasana!
7. Coba sebutake 4, kang kalebu tuladhane fable
utawa crita babagan sato kewan!
8. ?ttk]maikuptutFitiru. Aksara jawa kasebut
menawa ditulis latin……….
9. ?swhlnTeglLnKufufitnFuri. Aksara jawa kasebut
menawa ditulis latin………..
10. ?ffisisWkufuse]gepSinau. Aksara
jawa kasebut menawa ditulis latin………..
Komentar
Posting Komentar