ULANGAN AKHIR SEMESTER GASAL MAPEL BAHASA JAWA KELAS VIII 9 (TAPEL 2020/2021)

KEMENTERIAN AGAMA REPUBLIK INDONESIA

PENILAIAN AKHIR SEMESTER MADRASAH TSANAWIYAH

TAHUN PELAJARAN 2020/2021

 


Mata Pelajaran     : Bahasa Jawa                                           Hari/Tanggal        : Kamis/ 3 Desember 2020

Kelas                     : VIII (Delapan)                                       Pukul                     : 10.00 – 11.30 WIB

             

Pilihen wangsulan A, B, C, utawa D kang kok anggep bener kanthi menehi tanda ping (X) ing lembar wangsulan!                                                             

 

Wacan kanggo nomer 1-3

Nalika rakyat ndamel pusering paprentahan, wonten kajeng ageng kentir ing lepen Serayu ingkang naminipun “Kayu Emas” saking dhaerah Karang Jambu, Kecamatan Kejobong Kawedanan Bukateja, Kadipaten Purbalingga. Kajeng kalawau kentir ngantos dumugi dhaerah pembangun. Adipati Mrapat trenyuh lajeng kayu Emas menika dipunpundhut lan dipundadosaken saka Balai Si Panji. Amargi menika naminipun kayu Emas lan kentir ing lepen, mila pusering paprentahan menika dipunsebat “Banyumas”.

1.       Sapa kang mundhut lan ndadosaken kayu emas dados saka Balai Si Panji?

A.  rakyat Banyumas                                         C. Si Panji

B.  rakyat Purbalingga                                       D. Adipati Mrapat

2.       Dijenengake Banyumas amarga ....

A.  banyune kuning kaya emas                           C. kayune aran kayu mas      

B.  lemahe akeh emase                                      D. wargane sing akeh mas-mas

3.       Wonten kajeng ageng kentir ing lepen Serayu. Kentir ing ukara kasebut tegesipun ....

A.  edan                                                           C. geseh

B.  keli                                                             D. owah

 

Tembang kanggo nomer 4-7

Gambuh

Dene tetelu iku,

si kidang suka ing patinipun,

pan si gajah lena ing patinireki,

si ula ing patinipun,

ngendelken upase mandos.

4.       Saka tembang macapat ing dhuwur, kidang matine amarga ....

A.  kentekan upas                                             C. lena

B.  suka/ kasenengan                                         D. gumedhe

5.       Ula matine amarga ….

A. kentekan upas                                              C. lena

B.  suka/ kasenengan                                         D. gumedhe

6.       Kewan telu mau pralambang tindak-tanduk lan watak kang ....

A. apikan, jujur                                                C. lembah manah, jujur

B.  srei, dengki                                                 D. gumedhe/ congkak

7.       Guru wilangan lan guru lagu gatra pungkasan yaiku ....

A.                    7u                                                              C. 9o

B.                    8o                                                              D. 10u

 

Wacan kanggo nomer 8-10

Pengukir Wayang Kulit Butuh Uluran Tangan

 Surabaya (Panjebar Semangat) - Senajan Mulyanto aliyas Menthong wiwit enom wis dadi perajin wayang kulit kang karyane wis kondhang. Mulyanto Menthong piyayine ora lulus SD. Anggone sekolah mung tekan kelas 5 SD. Amarga kahanan ekonomi wong tuwane. Wong tuwane mung nyambut gawe buruh tani lan putrane akeh. Mulyanto wiwit cilik udakara 13 taun, wis wiwit nglukis lan ngukir wayang ing daleme wong tuwane Klaten, Jawa Tengah. Amarga karyane apik lan alus, mula akeh nampa pesenan, mligine saka dhalang Ki Darman kang asli Sragen. Wiwit saka iku, Menthong wiwit pindhah lan ngenggoni kontrakan ing Sragen kanthi maksud kanggo nyedaki daleme Ki Darman. Kanthi akeh pesenan, asile Menthong lumayan.

Ing jaman globalisasi kaya mangkene, pelukis lan pengukir wayang kang wis kawentar kalindhih dening jaman. Kanggo tuku piranti lan bahan dhasar wayang wae wis larang regane, ing mangka modhal kang diduweni Menthong sansaya tipis. Kanggo ngrampungake pesenan kang numpuk lan kanggo nambahi prodhuksine mesthi wae butuh modhal kang ora sithik. Dheweke butuh modhal gedhe amarga kanggo nerusake pesenan sing numpuk, ananging durung bisa digarap.

8.       Unsur where saka pawarta ing dhuwur yaiku ....

A.  Klaten                                                        C. Surabaya

B.  Sragen                                                        D. daleme Ki Darman

9.       Mulyanto aliyas Menthong wiwit enom wis dadi perajin wayang kulit kang karyane wis kondhang. Kang ora klebu tegese tembung kondhang yaiku ....

A.  terkenal                                                      C. akeh

B.  misuwur                                                     D. kawentar

10.    Pranyatan kang ora trep karo isine pawarta ing dhuwur yaiku ....

A.  Mulyanto piyayine ora lulus SD amarga kahanan ekonomi wong tuwane.

B.  Wiwit cilik, Mulyanto wis wiwit nglukis lan ngukir wayang ing daleme wong tuwane Klaten, Jawa Tengah.

C.  Kanggo ngrampungake pesenan lan kanggo nambahi prodhuksine, Mulyanto butuh modhal kang sithik.

D.  Mulyanto akeh nampa pesenan nggawe wayang kulit amarga karyane apik lan alus.

11.    Nalika guneman marang wong liya, sikap kang ora becik yaiku ….

A.   sopan santun                                               C. nggunakake basa krama

B.    malangkerik                                                D. empan papan

 

Pacelathon kanggo nomer 12-14

 

Dimas      : “Assalamualaikum.”

Bu Eti      : “Waalaikumsalam. Lho Dimas, kene-kene mlebu ngomah kene.”

Dimas      : “Inggih Bu, matur nuwun. Pak Eko punapa wonten dalem?”

Bu Eti      : “Pak Eko lunga, dadi pengurus ing TPS kidul kana. Ana prelu apa, Dim?”

Dimas      : “Sowan kula mriki dipunutus Bapak, menawi benjing dinten Minggu, surya 9

Desember 2020 wanci tabuh 19.00 (pitu dalu), Bu Eti sekalian Pak Eko

dipunaturi sowan wonten dalemipun Bapak.”

Bu Eti      : “Ana acara apa Dim? Kok ya ora Bapakmu dhewe sing mrene?”

Dimas      : “Bapak nembe repot wonten TPS ugi Bu. Bapak badhe ngawontenaken syukuran

Mas Bayu lulus kuliah.”

Bu Eti      : “Ya mengko dakmatur karo Pak Eko.”

Dimas      : “Inggih Bu. Kula kinten cekap semanten Bu. Kula lajeng wangsul kemawon.”

Bu Eti      : “Kok ya enggal-enggal bae ta, Dim. Yen ngono matur nuwun ya, Dim.”

Dimas      : “Inggih Bu, kula mantuk rumiyin. Matur nuwun. Wassalamualaikum.”

Bu Eti      : “Iya Dim, ati-ati. Waalaikumsalam.”

12.    Manut pacelathon ing dhuwur, sing kagungan kersa yaiku ....

A. Pak Eko                                                      C. Dimas

B.  Mas Bayu                                                   D. Bapake Dimas

13.    Acara syukuran manut pacelathon ing dhuwur, kaleksanan benjang ....

A. Minggu, 9 Desember 2020                           C. Minggu siyang, 9 Desember 2020

B.  Minggu enjing, 9 Desember 2020                 D. Minggu dalu, 9 Desember 2020

14.    Surasane pacelathon ing dhuwur yaiku ....

A. ngaturi rawuh ing acara syukurane bapake Dimas dadi pengurus ing TPS

B.  ngaturi rawuh ing acara syukuran Pak Eko dadi pengurus ing TPS

C.  ngaturi rawuh ing acara syukurane Mas Bayu amarga lulus kuliah

D. ngaturi rawuh ing acara syukurane Dimas amarga lulus sekolah

15.    Ukara ing ngisor iki kang nganggo basa krama alus, yaiku ….

A. Bapak dereng wangsul saka kantor amargi dalane macet.

B.  Pakdhe dipunaturi tindak ing omahe bapak.

C.  Simbah kakung ngunjuk kopi sinambi maos koran.

D. Ibu wau siyang dereng maem.

16.    Sareng kula ngadeg, Bu Siti ugi ndherek ....

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur, yaiku ....

A. jumeneng                                                    C. nedha

B.  lungguh                                                      D. kesah

17.    Ing ngisor iki kang kalebu pigunane aksara rekan yaiku ….

A.   kanggo nulis tembung kang gedhe

B.    kanggo nulis jenenge pawongan

C.    kanggo nulis serapan saka basa Arab

D.   kanggo nulis basa manca

18.    ?swegFÆki/ai=msJif\, Pamacane ....

A. saweg dzikir ing masjid                               C. saweg dzuhur ing masjid

B. saweg sahur ing masjid                                D. saweg solat ing masjid

19.    Bapak khotbah. Yen ditulis aksara Jawa dadi ....

A. bp[kKokBh                                         C. bp[koK+tBh

B. bpkgGÆbh                                           D. bpkK+tBh

20.    ?bvu  .... as[lskmekKh. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ....

A. j+mJ+m\                                                    C. jmJm\

B. f+mF+m\                                                    D. j+fJf\

 

21.    Tembung-tembung ing ngisor iki kang kalebu tembung camboran wutuh, yaiku ....

A. nagasari, randha royal, wanasaba                  C. bangjo, pakdhe, dubang

B.  dubang, nagasari, meja kursi                        D. bulik, anjaniputra, nagasari

22.    Awake Purwaning kari lunglit amarga lara patang taun suwene. Tembung lunglit kalebu tembung ....

A.                    camboran wutuh                                          C. camboran tunggal

B.                    camboran tugel                                            D. camboran wudhar

23.    Ukara ing ngisor iki kang nggunakake tembung yogyaswara, yaiku ....

A. Rawe-rawe rantas malang-malang putung.

B.  Ani dadi kembang lambe ing desane amarga ayu tingkah lakune.

C.  Wong kampung kene wis padha ngerti yen Tarjo iku gedhe endhase.

D. Pemudha-pemudhi dusun Makmur padha resik-resik got.

24.    Ukara tanggap kuwi wasesane ketambahan ater-ater tripurusa. Kang kalebu ater-ater tripurusa, yaiku ....

A.             ny-                                                                             C. n-

B.             di-                                                                  D. m-

25.    1. Buku ing dhuwur meja wis dijupuk Budi wingi sore.

2. Kula nembe nggladhi nyerat aksara Jawi.                                           

3. Teks lomba sesorah wis dakketik ing komputer.

4. Pak Munir tumbas topi pahlawan wonten ing pameran.

Sing kalebu ukara tanggap yaiku nomer ....

A.             1, 2                                                                            C. 2, 3

B.             1, 3                                                                            D. 3, 4

26.  Pawarta iku kudune tansah nyajekake informasi kang paling anyar, iku tegese………..

       A.  informatif                                                  C.  aktual

B.  obyektif                                                     D.  factual

27.  Pawarta kang katujokake kanggo umum, kang surasane menehi pangerten tumprap

       sawijining prastawa diarani……

A.  layang                                                                  C.  wara-wara

B.  majalah                                                      D.selebaran

28.  ?akuku]zuj[r[njk/tbnJi/.  Aksara jawa kasebut menawa ditulis latin yaiku……

   A.  aku krungu jarene Jakarta banjir                 C.  aku krungu jarene Jakarta geger

   B.  aku krungu jarene Jakarta Semarang banjir  D.  Aku krungu jarene Semarang geger

29.   ?aku luzmev=semr=.   Aksara jawa kasebut menawa ditulis latin yaiku…………

        A.  bapak lunga menyang semarang                 C.  bapak lunga menyang surabaya

        B.  aku lunga menyang semarang                    D.  aku lunga menyang surabaya

30.   ?akuteknSe[kolhjmPitu[asuk\. Aksara jawa kasebut menawa ditulis  

        latin yaiku…………

        A.  aku tekan sekolahan jam pitu esuk             C. aku tekan sekolah jam pitu

        B.  aku tekan sekolah jam pitu esuk                 D.  aku tekan sekolahan jam pitu

II.  Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanti bener!

 

1.  Wenehi tuladha 2 kang kalebu purwakanthi sastra!

2.  Wenehi tuladha 2 kang kalebu purwakanthi lumaksita!

3.  Purwakanthi iku ana 3, coba sebutake!

4.  Apa kang diarani guru gatra iku?

5.  Apa kang diarani guru wilangan iku?

6.  Apa kang diarani guru lagu iku?

7.  Sebutake 3 paugeraning tembang macapat!

 

8.   ?aku fiaukumPkGuru am/g teknSe[kolhanJmsetezh[wolu.

Aksara jawa kasebut menawa ditulis latin……….

9.   ?ffisisWkufutatLnPtuhmr=k[bhguru[n.

Aksara jawa kasebut menawa ditulis latin……….

 

10. Coba sebutake 4 crita rakyat dumadine papan panggonan! 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

UJIAN TENGAH SEMESTER GASAL MAPEL PRAKARYA KELAS XII (TAPEL 2020/2021)

Cara Membuat Sendiri Teh Dari Daun Tin

Manfaat Teh Daun Tin (Ficus carica L.) Untuk Menjaga Kesehatan Tubuh Kita