ULANGAN AKHIR SEMESTER GASAL MAPEL BAHASA JAWA KELAS IX (TAPEL 2020/2021)

KEMENTERIAN AGAMA REPUBLIK INDONESIA

PENILAIAN AKHIR SEMESTER MADRASAH TSANAWIYAH

TAHUN PELAJARAN 2020/2021

 


Mata Pelajaran   : Bahasa Jawa                                    Hari/Tanggal          : Kamis/ 3 Desember 2020

Kelas                  : IX (Sembilan)                                  Pukul                       : 10.00 – 11.30 WIB

            

Pilihen wangsulan A, B, C, utawa D kang kok anggep bener kanthi menehi tanda ping (X) ing lembar wangsulan!                                                  

 

Wacan kanggo nomer 1-3

Anoman Obong

Dewi Shinta wis kelakon didhusta dening Prabu Rahwana/ Dasamuka menyang kraton Alengkadiraja. Dewi Shinta dipapanake ing taman kaputren. Ing taman, Dewi Shinta ora doyan mangan lan ngombe. Awake kuru aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis suwe ora adus. Kabeh mau ditindakake supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo njaga keslametane, menyang ngendi wae Dewi Shinta tansah nggawa cudrik cilik. Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur ngancam arep suduk salira.

Anoman diutus Sri Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi Shinta. Tekan keraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Ing kono dheweke kelakon nemoni Dewi Shinta lan Trijatha. Anoman banjur ngaturake ali-aline Sri Ramawijaya marang Dewi Shinta. Sawise mangerteni kaanane Dewi Shinta banjur pamit bali. Anoman konangan lan kecekel prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket disowanake Prabu Rahwana banjur diukum obong, nanging Anoman bisa lolos lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya.

1.     Dewi Shinta ing crita Ramayana kasebut duweni watak ....

A. setya                                                           C. kasatria

B.  wicaksana                                                   D. angkara murka      

2.     Dewi Shinta wis kelakon didhusta dening Prabu Rahwana/ Dasamuka menyang kraton Alengkadiraja. Tembung didhusta tegese padha karo ....

A. dijupuk                                                       C. dicolong

B.  dijaluk                                                        D. digendhong

3.     Saka wacan ing dhuwur, paraga sing diutus dening Prabu Ramawijaya kanggo golek sisik melik yaiku ....

A. Dewi Shinta                                                C. Anoman

B.  Dewi Trijatha                                              D. Rahwana

 

Wacan kanggo nomer 4-6

Dhandhanggula

Pamedhare wasitaning ati

Cumanthaka aniru pujangga

Dahat mudha ing batine

Nanging kedah ginunggung

Datan wruh yen akeh ngesemi

Ameksa angrumpaka

Basa kang kalantur

Tutur kang katula-tula

Tinalaten rinuruh kalawan ririh

Mrih padhanging sasmita

4.     Guru wilangan lan guru lagu gatra pungkasan yaiku ....

A.   10i                                                            C. 8a

B.    10a                                                            D. 7a

5.     Pamedhare wasitaning ati, Cumanthaka aniru pujangga. Ing ngisor iki kabeh tegese padha karo cumanthaka, kajaba ....

A.   kementhus                                                C. lancang kumaki

B.    gumedhe                                                  D. sabar ngati-ati

6.     Dhahat muda ing batine, tegese ....

A.   pinter banget ing batine                             C. bodho banget ing batine

B.    sanajan enom wis pinter                            D. sabar banget ing batine

 

Gatekna sandhiwara ing ngisor iki kanthi titi!

Deni mulih amarga wis maghrib. Sesuke ning sekolahan Deni lan Parman rembugan bab drama Basa Jawa. Kanggo ngisi wektu ngenteni Jono lan Supardi bocah loro kuwi ngrembug musik kang bakal digawe.

Parman      : Ayo saiki nggawe musik kanggo dramane. Sing ngenani lagu dhaerah wae.

Deni          : Ya angel lho kuwi, lha kowe apa bisa?

Parman      : Jajal kene aku.” (njupuk gitar saka tangane Deni)

Deni          : Halah kemisa, jajal piye....

Parman      : (nyanyi gundul-gundul pacul)

Deni          : Hahaha, kuwi rak ya tembang dolanane bocah hlo...

Parman      : Sing penting lagu dhaerah lho...

Deni          : “Aja, diganti liyane ngono lho?!”

Parman      : Jajal kowe bisa apa ora ? (ngekekne gitar marang Deni)

Deni          : (Main gitar)

Parman      : Lha kuwi apa ora ya lagu pop?? Hahaha....”

Deni          : Hahaha, lha aku ora bisa hlo...”

Parman      : Kene nak ngono aku wae.

Deni          : (Ngekekne gitar) Aku sing nyanyi ya?”

Parman      : (Nyanyi karo Deni)

Deni          : Haha, apik kuwi... ya wis nggawe kuwi wae...

7.     Saka sandhiwara kuwi, watake Parman yaiku ....

A. sabar                                                          C. lucu

B.  kuminter                                                     D. galak         

8.     Parman lan Deni gladhen musik kanggo ....

A. lomba musik                                               C. ngamen

B.  drama Basa Jawa                                         D. perpisahan sekolah

9.     Latar panggonan utawa setting sandhiwara ing dhuwur yaiku ....

A. omahe Deni                                                C. ana dalan

B.  omahe Parman                                            D. sekolahan

10.  Wangsalan yaiku nen-unen sabangsane cangkriman, nanging batangane wis disebutake pisan sanajan ora cetha banget. Ing ngisor iki tuladhane wangsalan sing bener yaiku ...

A.   Aja dadi bocah sing dawa tangane.

B.    Siswa-siswi Madrasah gladhen ujian.

C.    Njanur gunung, kadingaren wis tekan kene.

D.   Ajining dhiri dumunung aneng lathi.

11.  Kembang jambu, kemaruk mburu gebyaring dunya.

Kembang jambu tegese ....

A.   Kemaruk                                                    C. Karuk

B.    Maruk                                                        D. Keruk

12.  Sania kandha marang kancane, “Simbahku wis ... saka Surabaya dhek wingi sore”.

Tembung kang paling trep kanggo nanggapi ukara ing dhuwur, yaiku ....

A.   kondur                                                       C. lunga

B.    tindak                                                         D. mulih

13.  Menawa kowe didhawuhi pak guru supaya ibumu rawuh menyang sekolahan, aturmu ....

A.   Ibu, panjenengan dipunkengken Pak guru supados tindak  dhateng sekolahan.”

B.    Ibu, panjenengan dipunaturi Pak guru supados tindak dhateng sekolahan.

C.    Ibu, panjenengan dipunutus Pak guru supados tindak dhateng sekolahan.

D.   Ibu, sampeyan dipundhawuhi Pak guru supados tindak dhateng sekolahan.

14.  Tumraping wong jawa undhang-undhang tangga teparo kanthi acara slametan tegese ....

A.   Khajatan                                                     C. Sambatan

B.    Tirakatan                                                    D. Bebungahan

 

Wacan kanggo nomer 15-18

Upacara sekaten asalipun saking tembung syahadatain nggih punika acara pengetan tanggap warsanipun Nabi Muhammad SAW ingkang dipunwontenaken ing saben surya kaping 5 wulan Mulud utawi Rabiul Awal taun hijriah. Wondene panggenanipun wonten Alun-alun ler Ngayogyakarta. Upacara punika wonten jaman Sultan Hamengkubuwana I, dados satunggaling cara kagem ngaturi masyarakat ingkang agami islam.

Pahargyan warisan para Wali nalika ngesuhi Kraton Demak Bintara punika tetep dipunlestantunaken dening Keraton Islam kalih pewaris mataram, Kasultanan Ngayogyakarta saha Kasunanan Surakarta. Saben taunipun masyarakat ingkang dugi ing perayaan sekaten punika jejel riyel.

15.  Upacara sekaten dipunwontenaken ing wanci ....

A.   wulan Ba’da Mulud                                     C. wulan Rabi’ul Akhir

B.    wulan Syawal                                             D. wulan Rabi’ul Awal

16.  Masyarakat ing kukuban Yogyakarta sakiwatengene akeh kang wis padha ngantu-antu kanggo nekani perayaan Sekaten. Ngantu-antu tegese ....

A.   kelingan                                                     C. ngeling-eling

B.    ngarep-arep                                                D. bungah

17.  Sinten ingkang wiwitanipun mandhegani upacara sekaten?

A.   Sultan Hamengkubuwana I                          C. Sultan Hamengkubuwana III

B.    Sultan Hamengkubuwana II                         D. Sultan Hamengkubuwana IV

18.  Upacara sekaten nggadhahi ancas inggih punika ....

A.   Mengeti sedanipun Nabi Muhammad SAW

B.    Mengeti wiyosipun Nabi Muhammad SAW

C.    Mengeti wahyu kagem Nabi Muhammad SAW

D.   Mengeti  Nabi Muhammad SAW

19.  Danu ditampa ana ing SMA dene adhine si Dina munggah kelas loro SMP. Iku salah sawijining tuladha ukara ....

A. ukara camboran sajajar                                C. ukara camboran sungsun

B. ukara camboran raketan                               D. ukara lamba

20.  Ing ngisor iki tuladhane ukara camboran raketan ...

A.   Doni bal-balan ing lapangan dene Parjo dolanan ing sawah.

B.    Dewi tuku roti, cilok, lan es doger.

C.    Anto mangan sate kelinci.

D.   Tuti teka nalika Dian lagi mangan.

21.  Dadi bocah aja kesed ben cedhak rejekine.

Yen arep mlebu omah kesed dhisik!

Tembung kang kacithak miring kalebu ….

A.   homonim

B.    homograf

C.    homofon

D.   homogen

22.  Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane homonim yaiku ….

A.   Kaline peres amarga udan sedina sewengi.

Klapa parute diperes sek arep dinggo masak santene.

B.    Antep atimu dadia dayane tekadmu.

Karung goni kuwi pancen anteb, aku ora bias ngangkat.

C.    Gedhang raja nangkane isih sepet.

Sepet kae isa digawe sapu, aja dibuak!

D.   Wong gendheng ya, awit mau misuh-misuh.

Gendhenge padha pecah amarga keterak angin.

23.  Ing ngisor iki kang ora kalebu wujude aksara swara, yaiku ....

A.   A                                                            C. I

B.    O                                                             D.  7

24.   ?UsMnPitPitTnK[roIb]aim\, Pamacane ....

A.   Usman pit-pitan karo Ilham.

B.    Usman pit-pitan karo Ibrahim.

C.    Isman pit-pitan karo Umam.

D.   Isman pit-pitan karo Ibrahim.

25.  ?swi[ssiAgusÃ’|sYakussi . . . .. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kuwi yaiku ....

A.   [s[pTmBe/                                                C. juli

B.     O[koTbe/                                              D. juni

26.  ?tnJumene=ai=auri[p.          Menawa ditulis nganggo aksara latin yaiku………….

A.  tan jumeneng ing uripe                                C.  rasaning rasa punika

B.  tan durung weruh ing rasa                            D.  rasa kang satuhu

27.  ?tnFuru=weruhai=rs.                        Menawa ditulis nganggo aksara latin yaiku………….

A.  tan jumeneng ing uripe                                C.  rasaning rasa punika

B.  tan durung weruh ing rasa                            D.  rasa kang satuhu

28.   ?rs k=stuau.                     Menawa ditulis nganggo aksara latin yaiku………….

A.  tan jumeneng ing uripe                                C.  rasaning rasa punika

B.  tan durung weruh ing rasa                            D.  rasa kang satuhu

29.Ukara  “ samitaning ngaurip puniki”  yen disalin dadi aksara jawa dadi……………

A. ?ffMitni=zauripPunik.                 C.  ?ssMitni=zauripPuniki.

B.  ?ssMitfi=zauripPufi.                     D.  ?ssMitfi=auriPuniki.

30.Ukara  “ tan kena digawe gampang”  yen disalin dadi aksara jawa dadi……………

A.  ?tnKengin[wgmP=.                              C.?tnKensig[wgmP=.

B.?t[aK[nofig[wgmP=.                       D.?tnKenfig[wgmP=. 

 

 

 

II.  Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanti bener!

 

1.  Sapa arane wayang ing ngisor iki!

 

         A.                                      B.                                    C.                                     D. 

 

 

 

 

 

 


2.  Sebutake 3 watake tembang pangkur!

3.  Coba sebutake 4 tokoh pewayangan ing crita Ramayana!

4.  Coba sebutake 4 tokoh pewayangan ing crita Mahabarata!

5.  Coba sebutake 3 paugeran kang ana ing tembang macapat!

6.  Coba sebutake 4 wae kang kalebu tembang macapat!

7.  Tembang macapat duweni paugeran (10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12e, 7a)

a.  Guru gatrane gunggunge……………

b.  Guru wilangan gatra nomer 3, 5, 7 lan 9 gunggunge………….

c.  Guru lagu gatra nomer 2, 4, 6 lan 8 yaiku……………..

d.  Menawa disetitikake saka guru lagu, guru wilangan lan guru gatrane paugeran ing nduwur

      kalebu tembang macapat………….

8. ?nlikkelsKlihklu=kul[kol=kli=.  Aksara jawa kasebut yen ditulis latin yaiku………

9.  ?pribs[nje/bsukimw[by.  Aksara jawa kasebut yen ditulis latin yaiku………

10. ?bebs[ngemisetitiztiati.  Aksara jawa kasebut yen ditulis latin yaiku………

 

  

Komentar

Postingan populer dari blog ini

UJIAN TENGAH SEMESTER GASAL MAPEL PRAKARYA KELAS XII (TAPEL 2020/2021)

Cara Membuat Sendiri Teh Dari Daun Tin

Manfaat Teh Daun Tin (Ficus carica L.) Untuk Menjaga Kesehatan Tubuh Kita